![Narhifuck](https://source.boomplaymusic.com/group10/M00/05/31/a30e0899076940eea9b329baafdb514f_464_464.jpg)
Narhifuck Lyrics
- Genre:Pop
- Year of Release:2019
Lyrics
Ra ngerti sangkan paranmu soko ngendi
Seng mati kowe tansah agawe pati
Cilikane maneh kanggo generasi
Penerus bangsa lan negeri iki
Narkoba lan HIV dadi aranmu
Agama lan aturan dadi musuhmu
Neraka jahanam iku panggonanmu
Iblis lan setan iku kang dadi koncomu
Para mudo seng waspada
Ojo nganti lena
Narkoba lan HIV
Musuh utama kudu dibrantas
Lan enggal di musnahke kabeh
Ojo nganti saya akeh korban pemuda ayo kabeh pada njaga
Pancen menungso kanggonan hawa napsu
Nanging becik e ojo tansah di gugu
Ra ana menungso kang ra nduwe napsu
Napsu iku kancane urip kang tuhu
Mula bukane kabeh podo ngertiyo
Agama lan aturan sinaono
Karep ben saya kendel iman ning siro
Kanggo sangu yen wayah tinggal ndonya
Para mudo seng waspada
Ojo nganti lena
Narkoba lan HIV
Musuh utama kudu dibrantas
Lan enggal di musnahke kabeh
Ojo nganti saya akeh korban pemuda ayo kabeh pada njaga